Kamis, 29 Januari 2009

FSJ 2009 ndayakake sastra Jawa

Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPJS) bakal mbabar acara kabudayan asesirah Festival Sastra Jawa 2009 (FSJ 2009). Acara iki kaajab bisa dadi sarana lan nyengkuyung kupiya ngleluri lan ndayakake jagad sastra Jawa modhern.

Miturut pangarsa PPJS, Bonari Nabonenar, lumantar andharan tinulis ing layang elektronik utawa email sing ditampa Espos, sawetara dina kapungkur, acara iki bakal diadani ing sasi Juni 2009.

”Wus wiwit sasi November 2008 kapungkur acara iki digagas lan dibiwarakake lumantar Internet lan lumantar kalodhangan-kalodkangan mirunggan ing patemon sastrawan lan sutresna sastra Jawa. Kanggo sauntara wektu iki, kaajab acara Festival Sastra Jawa 2009 bisa diadani ing sasi Juni kang bakal teka. Ana sutresna sastra Jawa saka Australia, asmane George Quinn, sing nelakake lumantar layang elektronik yen bakal nekani acara iki,” piterange Bonari.

Miturut Bonari, samengkone Festival Sastra Jawa iki bakal dikrembakakake dadi Festival Etnik Nusantara. Ancase kanggo ngleluri lan ndayakake kaskayane seni tradhisi lumantar jagad sastra. Festival dhewe kabiji bakal dadi sarana lan kalodhangan mirunggan minangka wadhahe para sastrawan Jawa kanggo mbabar kawasisan lan kaprigelane.

”Sastra Jawa iku wargane Sastra Indonesia. Lan ateges uga wargane jagad sastra ndonya utawa sastra internasional. Sastra Jawa kudu antuk papan lan kalodhangan kanggo urip lan ngrembaka. Mesthi wae kudu tetep dijumbuhake kodrate lan pepenginane bebrayan papan uripe sastra Jawa lan sing nyengkuyung uripe sastra Jawa,” pratelane Bonari.

Nganti sasi Januari 2009 iki, jarene Bonari, wus ana sastrawan-sasatrawan Jawa saka tlatah Semarang, Yogyakarta lan Jawa Timur sing wus mesthekake bakal nekani festival iki. Acara iki uga bakal didadekake sarana kanggo ngurmati para paraga pinunjul ing jagad sastra Jawa ing tlatah Jawa Timur, sing isih sugeng apadene sing wus surut ing kasedan jati.
Tlatah Jawa Timur wus nglairake sastrawan-satrawan Jawa sing kondhang kaloka. Antarane yaiku Suparto Brata, Satim Kadaryono, Moechtar, Suharmono Kasiyun, Widodo Basuki, Tiwiek SA, Djayus Pete, JFX Hoery lan sapiturute. Hamula iku, Bonari sakancane bakal ngupaya murih acara iki bisa dadi sarana silaturahim budaya sing tebane luwih amba maneh.

Desa lan sastra Jawa
Murih jumbuh karo ancase kanggo ngleluri lan ndayakake sastra Jawa sing ing wektu-wektu pungkasan iki akeh-akehe dinikmati warga ing tlatah karang pradesan, acara Festival Sastra Jawa 2009 ditetepake kanthi underan Desa dan Sastra Jawa. Miturut rancangane, acara iki bakal mapan ing sawijining desa ing tlatah Trenggalek, yakuwi Dhusun Nglaran, Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Kabupaten Trenggalek, Jawa Timur.

”Acarane bakal digelar ing tlatah karang pradesan amarga ing wektu-wektu pungkasan iki saperangan gedhe warga sing nyengkuyung uripe sastra Jawa, ing kene ateges sastra Jawa modhern, iku uripe ing tlatah karang pradesan, sakorane ing tlatah pinggiran sing adoh saka kutha,” tambahe Bonari.

Lan ing acara iki uga bakal didhudhah sesambungan antarane sastra Jawa modhern lan bebrayan ing tlatah karang pradesan. Ing pangajab bakal nuwuhake dudutan, laku lan kupiya apa sing bisa dilakoni dening para sastrawan Jawa kanggo nyengkuyung kawicaksanan pembangunan ing tlatah karang pradesan, mligine pembangunan sosial utawa bebrayan.

Acara fetsival iki bakal diregengake kanthi pentas maca cerita cekak (Cerkak), pentas maca geguritan, babaran teater utawa drama abasa Jawa, sarasehan pendhidhikan basa Jawa, sarasehan sastra Jawa, pameran buku lan babaran film dokumenter.

Papan sing bakal dinggoni, yaiku Dhusun Nglaran, Desa Cakul, mujudake tlatah karang pradesan sing adoh saka kutha. Dununge udakara 10 km saka ibukota Kecamatan Dongko lan udakara 46 km saka ibukota Kabupaten Trenggalek. Lemah ing tlatah iki saperangan gedhe arupa gamping minangka rerangkene gunung gamping ing pulo Jawa sisih kidul. Ananging kaanan desane, jarene Bonari, kapetung ngresepake. [Ichwan Prasety]

© Copyright Solopos.net on Kamis, 22 Januari 2009

0 komentar:

Posting Komentar