Rabu, 02 September 2009

Aturipun Ketua Panitia FSJ-D 2009

Panjenenganipun Bupati Trenggalek, Kanjeng Raden Harya H Soeharto Hadiningrat ingkang dhahat kinurmatan. Para nayakaning praja ing tataran Kabupaten Trenggalek, Kecamatan Dongko, lan Dhusun Cakul, para sesepuh, pinisepuh, para rawuh sedaya ingkang dhahat kinurmatan. Para sastrawan, seniman, akademisi ingkang kawula tresnani, ingkang tansah ngudi amrih lestari lan tumangkaripun sastra Jawi.

Syukur alhamdulillah, dinten menika…. kula panjenengan sami nampi kanugrahaning Gusti arupi kekiyatan, kalodhangan, kepanggih ing tlatah pareden ingkang bebasan cedhak watu adoh ratu menika, kangge amiwiti kajat andrawina Sastra Jawa lan Desa, utawi Festival Sastra Jawa lan Desa Taun 2009.

Festival Sastra Jawa lan Desa Taun 2009 ingkang kagelar ing Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Kabupaten Trenggalek menika dipunpadhegani dening Organisasi Pengarang Sastra Jawa kaliyan Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya, makarya sesarengan kaliyan Sanggar Triwida, Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro, Sanggar Sastra Jawa Banyuwangi, sinengkuyung dening Pamarentah Provinsi Jawa Timur, Pamarentah Kabupaten Trenggalek, Fakultas Bahasa lan Seni Unesa, Jurusan Bahasa Jawa Uneversitas Negeri Semarang, SMP Satu Atap 2 Dongko, Komunitas Pemuda Nglaran Kita, sarta para warga Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Kabupaten Trenggalek.

Pak Bupati, lan para priyagung ingkang tansah paring panjurung dhumateng sedaya pakarti anggayuh kasaenaning bebrayan agung. Upamia winastanan andrawina utawi kembul suka, Festival menika boten ngungalaken raos suka ingkang tlonjongipun dhumateng pegating kaprayitnan, ananging suka ingkang mijil saking raos syukur dhumateng kanugrahaning Gusti. Saestu, para warga ingkang mapan ing tlatah pareden menika, para warga Desa Cakul, Kecamatan Dongko, sumrambahipun dhumateng Kabupaten Trengalek sakukuban, bebasan kabanjiran samodra madu, kajugrugan gunung menyan. Rawuhipun para pangembating praja ing dhusun menika lajeng ngemutaken dhumateng lekasipun Prabu Hayam Wuruk ing Jaman Majapahit duking uni, ingkang angrawuhi dhusun-dhusun kadosdene ingkang lajeng sinerat ing Kitab Negara Kertagama. Boten kok ngemungaken titah ingkang winastan jalma manungsa, wit-witan sami tumiyung, rerambatan sami amanglung, sesekaran sami mekar ambabar arum sajak asung pakurmatan dhumateng para pangarsaning praja ingkang saweg jengkar saking pandhapa agung saperlu angluberaken sih dhumateng para kawula dasih.

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan
Ing Festival Sastra Jawa lan Desa Taun 2009 menika kagelar: Sarasehan Pamulangan Basa Jawa ingkang suwau kaangkah kangge para guru ing tlatah Kabupaten Trenggalek sakanan-keringipun, nanging pranyata wonten ingkang purun keraya-raya rawuh saking Surabaya, Banyuwangi, menapadene Bojonegoro. Wonten malih Sarasehan Desa kangge para kadang tani ingkang adreng angenipun badhe nyinau kadospundi cak-cakanipun ulah tetanen ingkang langkung sae, ingkang saget nanem menapa ingkang saget dipunsade lan boten namung nyade ingkang saget dipuntanem. Boten kantun Sarasehan Sastra ingkang dipunrawuhi para pengarang, sastrawan Jawa, boten ngemungaken saking wewengkon Jawa Timur, nanging ugi saking Surakarta, Ngayogyakarta, Jakarta, Semarang, lan kitha-kitha sanesipun.

Ing swasana suka ingkang mijil saking raos syukur menika mangke ugi badhe kagelar manekawarni kesenian tradisional ingkang kalebet ing kukubanipun kabudayan Jawa.

Festival Sastra Jawa lan Desa menika sanes kalih bab ingkang waton dipungandhengaken. Panitia percados mbokbilih lunturing kabudayan Jawa boten namung saget katitik saking sangsaya sudanipun kasagetanipun para kawula wawan-gunem ngginakaken basa Jawa, ananging ugi saget katitik saking kanyatan: para taruna wekdal menika sami rumaos onjo mbokbilih saget angrahapi tetedhan utawi inuman merek manca nagari sanadyan ta tetadhan lan inuman wedalan dhusun langkung sae daya pangaribawanipun tumrap kasantosaning jiwa-raga.

Bapak Bupati lan para rawuh ingkang kinurmatan, kadospundia kemawon kawontenanipun, Festival Sastra Jawa lan Desa Taun 2009 menika mletik saking adrenging kekajengan tumtut-tumut anggayuh lestarinipun kabudayan Jawa minangka salah satunggaling adeg-adeg kangge angluhuraken kawibawanipun Negari Indonesia. Syukur bage mbokbilih mangke saget dados agendha tahunan, saget dipunsengkakaken dados Festival Sastra Etnik Nusantara minangka sarana silaturahmi budaya ing tataran ingkang langkung omber tebanipun.

Wusana, Panitia namung saget ngaturaken agunging panuwun dhumateng:
Bapak Gubernur Jawa Timur
Bapak Bupati Trenggalek
Kepala Dinas Poraparibud Kab Trenggalek
Kepala Dinas Pendidikan Kab Trenggalek
Dekan FBS Unesa Prof DR Setya Yuwana Sudikan
Ketua Jurusan Bahasa Jawa Unnes
Bapak Camat Dongko
Bapak Arswendo Atmowiloto
Bapak Kepala Desa sarta para pamong Desa Cakul
Kepala SMP Satu Atap 2 Dongko
Komunitas Pemuda Nglaran Kita
Warga Masyarakat lan para paraga ingkang boten cekap wekdalipun bilih kula sebat mbaka setunggal.

Peparing biyantu ingkang arupi beya, tenaga, pamanggih, lan sanes-sanesipun ingkang sampun dipuntampi Panitia mugi kacatheta lan ugi katampi dening Gusti Allah kadidene amal sae panjenengan sami.

Wusana, mbokbilih pranyata kirang gupuh, kirang suguh, lan sarwa cingkrang ing samukawisipun kalebet anggenipun saget caos papan inggih namung sawontenipun, Panitia nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Mugia Gusti Allah tansah paring karahayon dhumateng kula panjenengan. Rahayu!

Cakul, 4 Agustus 2009

0 komentar:

Posting Komentar