Senin, 29 Desember 2008

Guwa Gong


Critane: Astri Sugiartikasari


Liburan sekolah wis teka, dina Rebo iki mau aku mlebu terakhir. Aku lan kanca-kancaku bebarengan mulih. Kelas VII A arep tamasya.
’’Nis, engko rundhingan ning endi?’’ pitakone Sandy.
’’Ya ning sekolahan lho Sin,’’ semaure Danis.



Susi mlayu-mlayu mburu Kiki, paling-paling arep takok mengko rundhingane jam pira. Sidane Susi ora candhak, banjur Susi marani Tomy.
’’Tom, mengko rundhingane jam pira?’’ pitakone Susi.
’’Jam setengah telu,’’ wangsulane Tomy.
’’Suwun, Tom,’’ wangsulane Susi.
Wayahe wis setengah telu, bocah-bocah wis padha budhal. Nanging aku durung enek sing nyeluki.
’’As, ayo budhal selak kasep lho!’’ Anggit ajak-ajak.
’’O, iya, ayo! wangsulane Astri.
Gerbang wis ditutup. Aku lan Anggit kasep, banjur aku ndredheg wedi lek didukani Bu Budi.
’’Assalamualaikum..’’ Astri lan Anggit uluk salam.
’’Waallaikumsalam,’’ semaure Bu Budi lan bocah-bocah.
Aku karo Anggit dikon nyang ngarep banjur aku ngewel.
’’Nyangapa kasep?’’ pandangune Bu Budi.
’’Astri lan anggit ora gelem nyauri, marahi wis kadhung wedi. Sekarone banjur lungguh. Bu Budi sujoke durung ngrundhingke.
’’Bu, angsale tamasya dhateng Lamongan nggih Bu?’’ pitakone Tomy.
’’Lho,Tom kadohen lho. Angur nyang Pacitan wae sing biayane tithik,’’ cluluke Danis.
Bu Budi isik mikirne nyandi ale Tamasya marahi yen kadohen biayane akeh.
’’Bocah-bocah, tamasyane nyang Pacitan Guwa Gong wae ya?’’ kandhane Bu Budi
’’Setuju!!!’’ wangsulane bocah-bocah.
Bocah-bocah wis padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Gawane rekreasi apa wae, bocah-bocah akeh sing nambak dhewe-dhewe.
’’Nis, apa sing kokgawa?’’ takone Tika.
’’Embuh, paling aku nggawa camilan, roti. Ujare Danis.
Bocah-bocah padha ora kanten nunggu dina sing diarep-arep.
Dina sing diarep-arep wis teka. Aku lan kanca-kancaku mlumpuk ning sekolahan budal rekreasi ning ndalan padha nglemik karepe dhewe.
’’Cah, sampeyan kuwi thik ngremil wae ta? Apa ora lidhas ta ilatmu?’’ aloke Bu Budi.
’’Mboten, Bu, niki lho bu sanghai,’’ ujare Freinda.
Jam 09.00 wis tekan panggonan sing dituju. Swasana ning papan rekreasi apik nyenengake. Sakwise mlebu aku wedi banget lek rubuh.
’’Nis aku wedi,’’ ujare Nita.
’’Ora-ora, ora apa-apa kok,’’ ujare Danis.
Swasana ning Guwa Gong sejuk lan penak.[]

0 komentar:

Posting Komentar