Jumat, 27 Januari 2012

Ukum mung Galak marang Wong Cilik

Gek iki jaman apa ta ya? Pendhak melek nonton televisi utawa maca koran, saben-saben mung wong gedhe, para pejabat, padha eker-ekeran rebut bener, rebut kuwasa. Sajak padha lali ayahan kang kudu diemban kadidene pamong, momong rakyat, ngayomi wong cilik. Ukum kang kudu dijejegake kanggo ngudi adil, amrih negara ayem tentrem, malah galak-e mung yen ngadhepi wong cilik. Yen adhep-adhepan karo wong gedhe, pejabat, panguwasa, bebasan nglumpruk tanpa daya.

Saka palapurane media cetak apadene elektronik bisa kinawruhan manawa saiki jantraning ukum ing Indonesia lagi ruwet ora karuwan. Wiwit jamane Sengkon-Karta, prekara wadon tuwa nyolong woh coklat/kakau mung telung iji, Si Kholil sing nyolong semangka siji merga mung prelu arep dipangan ing sawijining awan ngenthang-enthang ing tlatah Kediri, Jawa Timur, prekarane Prita Mulyasari kang malah dilorobake menyang pakunjaran, kamangka niyate mung arep ngudi adil, prekara wong wadon kang trima nggajuli/makili dadi napi ing Bojonegoro, nganti kang dinane iki isih anget dadi rembug: prekara sandhal jepit, kabeh nuduhake manawa ukum ing negara iki mung landhep mengisor, nanging kethul mendhuwur. Kethul mendhuwur, katitk saka prekara-prekara gedhe: BLBI, Century, Mafia Pajek, Mafia Hukum, seprana-seprene isih pijer kompal-kampul ing donyaning pakabaran, ora cetha jluntrunge.

Wus dikawruhi ngakeh saka maneka-warna sumber pakabaran, kepriye nasibe wong cilik yen wis nyemplung pakunjaran, mlebu bui, apa kuwi pancen murwat karo kadurjanan kang ditindakake apadene mung kalorob merga ora bisa nyewa pengacara gamben kang bisa cilike ngenthengake, gedhene mbebasake saka paukuman. Miturut gotek, ana sing dipilara kaya dianggep dudu manungsa, ana sing trima nglalu gantung dhiri sajroning pakunjaran kuwi, lan liya-liyane. Nanging yen wong gedhe (diarani gedhe amarga kalungguhane utawa saka akehe dhuwite) bisa nyulap kamar pakunjaran dadi kaya kamar hotel berbintang. Ana uga sing kamar pakunjarane malah mung kanggo ampiran, ing saliyane wektu kanggo nglakoni urip bebas mblakrak tekan ngendi-endi, malah uga nglencer menyang luwar negri.

Pancen angel dinalar. Wong mung nyolong semangka siji wae kok diancam ukuman 5 taun. Rugine sing duwe semangka ya mung saregane semangka siji kuwi. Bisa ora kepetung rugi, kepara malah isih kudu nomboki yen kuwi dilebokake jatah (kuwajiban) zakat –yen kang kawogan nggunakake paugeran mbayar zakat. Utawa, lamon dieklasake kadidene sedhekah, apa kabotan tenan? Sejene kuwi, prayogane wong Jawa kuwi rak ngelingi unen-unen, ”Tuna satak bathi sanak,” ta? Apamaneh sing nyolong semangka kuwi isih klebu tanggane dhewe. Yen olehe ngetung tuna apa bathi ora mung kanthi dhuwit, endi sing luwih aji: semangka siji apa sesambungan paseduluran, kekadangan, rukun karo tanggane?

Yen kanyatane kaya mangkono kuwi, apa bisa diarani yen ukum wis bisa nindakake ayahane: njejegake adil? Apa ukum wis ditindakake kanggo ngayomi bebrayan? Apa lembaga pemasyarakatan bisa dadi ”sekolahan” kareben para durjana bisa sinau urip dadi wong becik? Apa malah dadi sekolahan amrih dadi durjana kang sangsaya ”sekti”?

Gajah Ngidak Rapah

Kang sangsaya nyedhihake, akeh kadurjanan kang pranyata malah ditindakake dening paraga kang pinracaya nyekel bang-bang pangalum-aluming praja –saka tataran kelurahan nganti sapendhuwur— uga dening paraga-paraga kang dipasrahi amanat mligi kanggo njejegake adil: pulisi, jeksa, hakim. Ngono kuwi rak ya wis aran sungsang bawana balik?

Hakim, jeksa, pulisi, lan paraga-paraga saka bebadan kang ingaran DPR (Dewan Perwakilan Rakyat) malah akeh kang mlebu pakunjaran. Iku wae mung sing kewiyak. Liyane, sing satemene klebu murwat lamon dilebokake pakunjaran nganti tetaunan, mbokmanawa luwih akeh –tinimbang kang wis dikunjara. Iku kabeh paraga-paraga kang diarani ”Gajah ngidak rapah.” Ya kuwi paraga-paraga kang duwe wenang gawe lan njejegake ukum, nanging nyatane malah tumindak nerak ukum.

Paraga-paraga kang kudune dadi panutan, tibake malah aweh conto tumindak nistha. Wis bayarane gedhe, tunjangan maneka-warna, urip mubra-mubru, tibake isih akeh kang padha kanthi slinthutan nyaut kene, nyaut kana. Rakyat kaya-kaya wis padha kelangan panutan. Yen wis kaya mangkono, saka ngendi maneh olehe arep nyangkani mangun bebrayan kang kebak kautaman?

Ana pitutur ing serat Tripama, ora mung tumrap para prajurit, nanging uga kabeh pawongan, luwih-luwih kang sinebut pamong utawa pejabat, narapraja, prayogane ngugemi ” … triprakara: guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama”. Emane, saiki kaya wis padha kelangan lacak, trah-e sapa sing arep dienut!

Bebungah lan Pidana

Ing kahanan sungsang bawana balik, ya jaman sungsang-sarik, wong nistha malah dialembana, dene sing tumindak utama malah disiya-siya, dipilara, dipidana. Iki kaya janturane ki dhalang nalika miwiti adegan Gara-gara. Mbokmanawa kahanan saiki iki memper karo Gara-gara ing pakeliran. Alam-e murka, lindhu bumi gonjing, gunung njeblug, pereng jugrug, samodra rob, banjir, udan salah mangsa, lan sapiturute. Manungsane ya padha bilulungan kaya gabah deninteri. Laku durjana mratah ing ngendi-enti, sedulur manjing satru, memungsuhan, paten-pinaten kaya padha ora ngreti tata. Sing jeneng demonstrasi dumadi saben dina. Rakyat adhep-adhepan karo aparat, aparat malah sok tawur karo sapepadhane aparat.

Ora pejabat, ora rakyat, kabeh padha bilulungan. Padha mbingungi. Kabeh padha lalen-lalen, ora ngreken unen-unen, ”Sabeja-bejane kang lali isih luwih beja kang eling lawan waspada,” (Ronggowarsita: Kalatidha) sajak wis diplintir dadi, ”Sakpenak-penake sing eling, isih luwih penak sing lali lan kuwasa.”

Jroning lali, pamarentah utawa bebadan resmi sok malah banjur kaladuk ngalembana, aweh bebungah, marang paraga apadene bebadan kang satemene bisa nuwuhake prakara, kaya ta gelar Dr. Hc. kang ditibakake marang Raja Arab Saudi sawatara wektu kepungkur, jroning kahanan akeh wanita pramuwisma kang dipilara, gedhene malah pinatrapan pidana pati ing kana. Uga pangaji-aji marang Perusahaan Pengerah Jasa Tenaga Kerja Indonesia kang dianggep becik, luwih didhisikake diwenehi penghargaan tinimbang bebadan-bebadan sosial, lan uga para pekerja migran kang wus nuduhake bektine kanggo ngayomi kaum-e.

Jejeging adil kudune bisa winangun kanthi patitis miji-miji, milah-milih, endi utawa sapa kang pantes pinaringan bebana, lan endi utawa sapa kang kudu dipatrapi pidana. Angger isih kerep klera-kleru ing bab iki, tangeh bisane adil dijejegake.

Badan Intelijen

Dhek biyen ana buku sejarah kanggo murid sekolah dasar (SD) kang ngemot saweneh crita ngenani Kraton Kalingga. Embuh piye persise, ukara-ukara kapisane kira-kira mangkene: ”Pada abad ketujuh, berdirilah sebuah kerajaan. Kerajaan Kalingga namanya. Rajanya seorang putri, Shima namanya,” lan sateruse. Ratu Shima digambarake kadidene ratu kang adil. Adhine dhewe kang kadenangan tumindak durjana, dipatrapi ukum, dikethok sikile. Uga kacarita, paukuman iku dipatrapake merga tumindak kadurjanan-e konangan langsung (tertangkap basah) ing sawijining wengi, nalika Sang Ratu lagi namur-lampah nitipriksa kahanane rakyate. Lakon-lakon namurlaku (miturut dedongengan) uga kerep ditindakake dening Raja Harun Ar-Rasyid ing Bhagdad.

Dudutan kang bisa dipethik, saka crita-crita kuwi bisa kinawruhan manawa fungsi bebadan intelijen lumaku kanthi becik. Saiki, ing negara iki, angger disebut tembung ”badan intelijen” kang paling gumawang dhisik dhewe yaiku anane ancaman katentreman saka pihak teroris lan sapiturute. Prekara-prekarane rakyat cilik, kang ngancam rakyat cilik lan dianggep ora ngancam ”negara” kaya-kaya luput saka kawigaten.

Untunge isih ana kang aran media cetak apadene elektonik. Kabukten, meh kabeh prakara ukum kang gegayutan karo wong cilik banjur dadi kawigaten awit saka gumregute para jurnalis, awis saka anane media cetak apadene elektronik kang saiki ora dibungkem dening pamarentah kaya jaman kang wus kawuri. Muga-muga ora panggah kandheg mung rame ing pakabaran. Nuwun. [Bonari Nabonenar/Suara Merdeka]

0 komentar:

Posting Komentar