Rabu, 07 Oktober 2009

PANGGURIT DIAH HADANING

MULIH MARANG “IBU” BUDAYANE

Nganggo sandhang penganggo sarwo ireng, rambut dawa diore, Diah Hadaning macakake guritane “Paseksene Anake Ki Suta Kluthuk” ing acara pentas Festival Sastra Jawa (FSJ) wengi ing Cakul, Dongko, Trenggalek, 4 Agustus 2009. Sanajan penggurit sing yuswane wus 69 taun, nanging dheweke isih bisa nuduhake ekspresine lumantar guritane kasebut. Eyang putri Diah Hadaning keraya-raya teka ngestreni FSJ karana tresnane marang sastra Jawa. Wus ana sauntara kumpulan guritan sing diserat wiwit taun 1980 kayata “Paseksen Anake Ki Suto Kluthuk”, “Kirab Gurit 53”, lsp.


Diah Hadaning, nyemak saka guritan-guritane, sajak kepranan karo Kejawen sing melu ngrenggani sejarah uripe. Ing bukune “Paseksen Anake Ki Suto Kluthuk” ing kono malah dicethakake dening dheweke prakara mau mangkene: ‘Konjuk catur wanodya kang nengarani greget seni lan jatidhiriku: Raden Ayu Mardinah (Pertapa Goa Tabuhan, Tlatah wetan), Kanjeng Ratu Kalinyamat (penguasa Tlatah Lor), Raden Ajeng Kartini (Pejuang kemajuan wanita), Sakirah (Pengukir jiwa ragane penggurit)’. Yen maca sabrebetan, katrangan kaya mangkono mau pancen ora patiya ketara mungguh kepriye tlonjonge marang rasa-pangrasane Diah Hadaning marang Kejawen. Kabeh sing katuran konjuk iku wanita. Para wanodya mau banget gedhene anggone lelabuh marang lelakon uripe, mligine marang kelantipane anggone nulis guritan.

Prasaja. Urip iku satemene prasaja. Mangkono manut Diah Hadaning kaya sing katulis ing guritane “Anake Ki Suta Kluthuk”: aku iki anake Ki Suta Kluthuk/lair bengi kairing swara suluk/tanpa piranti suci ama/ya mung welat lan empu kunir/aku ora wedi getir/yangisku sora/ngungkuli sambating sibu/wong-wong gumun takon mara/besuk arep dadi apa/aku iki anake Ki Suta Kluthuk/wiwit cilik wis mendem urip sara/saben bengi sibu mbisiki/ya gendhuk langit kae gambarana/pasuryan priya kang gawe mulya/sibu ora ngerti/aku iki angin gunung/kang ngiring swara suluk/aku iki ati kembara/ara-ara lan alang-alang kanggoku kanca/angin tlatah lor dadi nafasku/banyu tlatah lor dadi getihku/tanah gunung lor dadi dagingku/watu tlatah lor dadi balungku/langit lor ya bapakku/bumi lor ya ibuku/aja kemlungkung mring dunungku/aja gething mring sambatku/apa maneh merjaya aku//

Gawe Rasa Kebal Lara
Guritane mantan wartawan Swadesi Jakarta iku bisa dibabarake yen nggambarake kangene marang alam sing wus tau nglairake dheweke minangka wong Jawa sing prasaja. Coba disimak judhule iku “Anake Ki Suta Kluthuk”. Tembung kluthuk, ing madyaning masyarakat Jawa dianalogekake kanggo wong-wong ndesa utawa wong sing prasaja banget uripe. Ya ing kene iki (prasaja) sing bisa ditemokake maneh dening panggurit mungguhing alam Jawa, mligine Jawa pesisiran. Kekarepan/pepenginan bali marang sumber Jawa kaya mangkono mau ora maido dadi lumrah menawa ngumbarane rasa lan pengalaman wus njajah tekan ngendi-endi papan lan panggonan tumrap kawruh. Diah Hadaning, sajroning mapan ing Jakarta (sabanjure ing Bogor) mesthine wus tepung karo apa sing disebut “modheren”. Ananging, sing modheren mau ora bisa menehi “pangluaran” sing sejati kanggo jiwane.

Bab iki bisa dipetani saka guritan “Jakarta Kala Mangsa” ing antologi Kirab Gurit 53 (taun 2000): Jakarta/rembulane katon abang/ayang-ayangmu gemlewang/Jakarta/gambang kromong keprungu aneh/akeh wong omong nyleneh/Jakarta kala mangsa/gawe rasa kebak lara/Jakarta kala mangsa/eloke mung aneng kaca/Jakarta/dedongengan bocah saiki/ana kreteg tanpa kali/Jakarta/ujare wong melik maju/milih utang nadyan diguyu// Guritan mau nggambarake bab sing cengkah siji lan sijine, apus-apus, ora cetha tlonjonge, lan “gawe rasa kebak lara”. Sawernane prakara kasebut dadi pancadan mungguhing Diah Hadaning kanggo sinau lan tilik sarta mulih maneh marang “ibu” budayane: Jawa. Apus-apus utawa bab-bab sing mung ethok-ethok gebyare yen disawang sapandurat pancen kaya bisa gawe marem, ananging rasa iku ora bisa diapusi. Ibu sing biyen nglairake lan ngedhekake, sanajana ditinggal adoh tetep ora bisa ditinggal lan ora bakal ninggalake, jalaran ibu iku sajatine setya lan asih.

“Laku Spritual”
Awit saka iku, dheweke ngluru maneh nggoleki lan prasapa nuhoni karo garising naluri sing ginurit ing uripe. Kanggo nyapih marang kahanan mau, panggurit sing duwe komunitas Wrung Sastra Diha iki, tau kandha yen kepengin golek papan ing dhaerah salore Yogyakarta (ing sacedhake Kaliurang). Jarene, sauntara taun kepungkur marang JB, dheweke arep gawe dalem kaya dene padhepokan. Nanging, kekarepan mau ora sida kelakon. Embuh apa jalarane. Saiki dheweke dalah kluwargane mapan ing Cempaka, Blok D/14, Mekarsari Permai, Cimanggis 16952 (Jalan Raya Bogor Km. 30). Sing cetha, ora ing Jakarta maneh. Jumbuh karo kahanan kasebut, lungane Diah Hadaning menyang acara FSJ ing Cakul, Trenggalek sing papane ana desa pegunungan iku dadi sawijining “laku spritual” sastra apadene uripe. Duk samana, nalika para kawi (panggurit Jawa Kuna) ngasah lan nikelake rasa-pangrasane, padha munggah gunung dhuwur supaya bisa nggemblengake sakabehing jiwane. Apa Diah Hadaning mangkono persise, amung dheweke dhewe sing bisa njawab. Nanging, totalitase nalika maca guritan lan rong dina ngestreni FSJ saora-ora menehi tengara: pancen ngono ancase!

Balik menyang Kejawen sajake bisa menehi banyu bening marang ngoronging lakuning jiwa. Prasaja, salah sijine kuci urip Jawa, bisa dipigatekake saka tumindak, upamane gawe seneng. Kegawa saka yuswa lan wawasane, Diah Hadaning ora tau nuduhake sapa satemene dheweke yen ora ditakoni. Iku ora ateges angkuh utawa ngrahasiakake uripe, kabeh mau kegawa karep supaya aja nganti gawe seriking liyan. Guritan cuplikan ing ndhuwur mau aweh tengara tandha dunung menyang endi arah sing arep dilakoni. (Dhanu Priyo Prabowo)

Jaya Baya Nomer 52 Tahun 2009

0 komentar:

Posting Komentar