Rabu, 07 Oktober 2009

NGLARAN, NABETE JRONING ATI

Nggelak Optimisme Mekare Kasusastran Jawa

PRIKANCA pengarang sastra Jawa sarta aktivis olah tetanen saka njaban daerah kang dadi peserta Festival Sastra Jawa dan Desa (FSJD) 4-5 Agustus 2009, wis nilarake Dhusun Nglaran, Desa Cakul, Kec Dongko, dhusun pucuk nggunung ing Kab Trenggalek. Rebo bengi bubar adicara penutupan kanthi nggelar wayang tobos, 18 anggota rombongan PSJB (Pamarsudi Sastra Jawa Bojonegoro) pimpinane JFX Hoery, langsung bodholan senadyan mobile kudu ngliwati dalan rumpil menggak-menggok munggah-mudhun.

Sakbis rombongan wayang dongeng saka Universitas Negeri Semarang (Uness) uga tengah wengi iku uga mulih sabubare pentas ing aula SD/SMP Satu Atap ing Cakul. Adicara ditutup Wakil Bupati, Mahsun Ismail SAg MM diterusake pentas dhalang cilik Wuwus Nanang Galih Carita kang kasil ngrengkuh Lima Besar lomba pedalangan anak-anak ing Solo 2008.

Kari pengarang telu kang durung mulih kalebu Diah Hadaning saka Bogor sing gelak-gelik nunggu travel menyang Surabaya. Nedhenge nunggu ndadak Bonari Nabonenar, Ketua Penitia FSJD ya Ketua PPSJS (Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya) antuk telepon saka kabupaten martakake yen Bupati Trenggalek Drs H Soeharto ngantu-antu tekane peserta lan panitia. “Pira wae dijaluk tekane, Bupati adreng banget,” mangkono unine telepon saka kabupaten iku.

Pirsa regenge adicara pembukaan sarta akehe peserta Bupati rumangsa ngungun jalaran ora ngira jebul kaya ngono dadine. Rawuhe rombongan bupati Selasa awan, dipapag kiprahe jaranan “Turangga Yaksa” saka Dongko lan diregengake Grup Kentrung Moderen “Panji Wulung”. Durung maneh kiprahe grup kerawitan SD Cakul dalah panggerong bocahe sarta Tari Gambyong dening para Guru GTT Dongko kang mangayubagya rawuhe Bupati sarombongan. Krana kepranan, mahanani panjenengane kapiadreng nyugata para pengarang sastra Jawa ing pendhapa.

Senadyan awak rasane lungkrah telung dina sarasehan, karen-karene peserta ngestokake sowan Bupati diombyongi Ketua lan Sekretaris Pantia FSJD (Bonari lan Sarwan S.Pd) sarta para panitia lokal liyane. “Sinten malih ingkang badhe nguri-uri basa, sastra, lan budaya Jawi kajawi kula panjenengan sami,” ngendikane Pak Bupati ing pringgitan.

Saka kono, Bupati H Soeharto kang nampi gelar Kanjeng Haria Hadiningrat saka Kasunanan Surakarta iku banjur ngajak tamune menyang pendhapa mirsani lomba tembang macapat tingkat SLTP lan SMU sa-Kab Trenggalek. Dina Sabtu lan Senene bakal dianakake lomba geguritan kanggo murid-murid SD, SLTP lan SMU. “Lomba ngaten punika ajeg dipun-adani saben amangeti tanggap warsa Kab Trenggalek sarta HUT Proklamasi Kamardikan RI,” ngendikane.

E, wis kaya ngono pangrengkuhe, rombongan mulih isih dioleh-olehi camilan khas Trenggalek sarta diajak kembul bojana andrawina dhahar sayur lodho ing warunge “Pak Yusuf”. Tumrap para peserta, dhusun Cakul Trenggalek ora mung nabet jroning ati krana endahing alam lan grapyak sumanake bebrayan padesan, ananging uga nuwuhake rasa optimisme marang mekar lan ngrembakane sastra Jawa ing bumi Nuswantara.

Lamun Kongres Basa Jawa (KBJ) utawa Festival Pedalangan Nasional tansah diadani ing hotel berbintang tengah kutha kanthi wragat milyaran rupiah, panitia optimistis lamun FSJD kang diadani ing perenge gunung iki bisa luwih sukses senadyan cumpen fasilitas. Adicara iki disengkuyung Pemkab Trenggalek kanthi bantuan posko kesehatan, mobil, banyu resik, lan bantuan liyane.

Kanthi dana mung puluhan yutan rupiah, festival bisa klakon luwih regeng lan marem. Ana 432 Guru SD lan SLTP melu seminar Pembelajaran Bahasa dan Sastra Jawa kang diembani Guru Besar Unesa Surabaya, Prof Dr Setya Yuwana sakanca. Wondene 35 pemuda tani sa-Kec Dongko kang melu sarasehan ing gedung Madrasah Tsanawiyah Dongko diembani Purwanto (Kelompok Tani Bangunrejo Godean, Sleman), Qobul SH (Kelompok Lelang Hasil Pertanian, Galur, Kulonprogo), lan Siti Aminah (Pengarang, Pekerja Komunitas) saka Yogyakarta. Malah bubar sarasehan mengko, para among tani Trenggalek kepingin mertinjo kebon lomboke Pak Purwanto ing tlatah pesisir Yogyakarta.

Banyu Bening
Cakul mono dumunung ana ing ruas dalan kang nyambungake Kec Panggul karo Kec Dongko (Kab Trenggalek), watara 90 km saka Pacitan lan 45 km saka Trenggalek. Ewa semono FSJD bisa nekakake pengarang lan akademisi saka tlatah Pulo Jawa wiwit saka Jakarta nganti tekan Blambangan. Wiwit saka pengarang Gunawan TS (Jakarta), Sucipto Hadi Purnomo (Semarang), Widjang (Taman Budaya Surakarta), Dhani Priyo P lan Noor Singgih (Yogyakarta), Harmono Ks lan Suparto Brata (Surabaya), nganti para pengarang saka Sanggar Triwida Tulungagung lan Paguyuban Sastra Jawa Banyuwangi.

Kajaba iku, sarasehan uga ditekani tamu mirunggan saka komunitas pengarang TKI Hongkong, Melur (Jombang) lan Sri Lestari (Blora) E, ing Satengahe sarasehan lumaku isih kerawuhan rombongan 14 warga Paguyuban Pamarsudi Budaya Jawa ”Sedyatama” saka Madiun. “Kula sakanca rumaos katimbalan mriki sasampunipun ningali jagong budaya wonten ing TVRI dinten Ahad-ipun,” kandhane Agustinus Maryanto, pangarsane paguyuban.

Adicara iki diliput media basa Jawa Jaya Baya (Surabaya) lan Jaka Lodang (Yogyakarta), media basa Inggris The Jakarta Post (Jakarta), Jawa Pos, JTV lan TVRI. FSJD uga ditekani sastrawan nasional (basa Indonesia) kayadene D Zawawi Imron (Sumenep), Beni Setia (Madiun), lan Tjahjono Widarmato sakembaran saka Ngawi. Manut Zawawi, ing Sumenep isih ana 15 grup mamaca macapat kang tansah aktif lestarekake sastra Jawa. “Aku yakin, sastra Jawa ora bakal mati,” kandhane.

Perkara ngrembug bebana sastra Jawa khusus dening wong Jawa kaya bebana Rancage iku, peserta isih nyumenekake dhisik. Nanging peserta sarasehan sarujuk ngupadi penerbitan karya sastrane tanpa medulekake antuk bebana sastra apa ora. Para peserta uga sarujuk ngundhakake kawruh sastrane sarta komunikasi marang padha-padha pengarang sastra Jawane liwat internet.

Ing sarasehan kanthi cara lesehan mau, para peserta padha nuduhake ekspresi senine ing babagan tembang macapat lan geguritan, sejene padha nawakake karyane ing bursa buku sastra Jawa. Kaya pantomime Jemek Supardi saka Jogjakarta kang dipentasake ing wengi kapisan ngelikake marang pengarang sastra Jawa bisaa dadi banyu bening kang murakabi marang panguripane manungsa. Banyu bening dadia pencerahan tumrap manungsa murih optimistis ngadhepi urip lan nguripi sastra Jawa.

Kanthi pantomim gaya Mataraman lakon “Leb Banyu Butheg”, Jemek Supardi ngelikake marang kita kabeh aja nganti mengkone krisis banyu. “Krisis banyu wiwit dadi ancaman serius tumrap panguripane manungsa. Banyu bening wiwit dadi barang langka, sepuluh taun maneh saya angel digoleki,” welinge Jemek. Mesthine ora kaya mangkono nasibe karya sastra Jawa. [RM Yunani]

Jaya Baya Nomer 52 Tahun 2009

0 komentar:

Posting Komentar