Rabu, 07 Oktober 2009

BONARI NABONENAR

Obsesine, Balik Kandhang

Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Kabupaten Trenggalek, Jawa Timur ing sajroning minggu iki banget “sibuk”merga dadi pusat kawigatene wong akeh. Ing desa iki, Bonari Nabonenar sastrawan klairan Dhusun Nglaran, Cakul bakal nggelar “pesta” awujud Festival Sastra Jawa dan Desa (FSJD) tingkat nasional.


BONARI asli klairan desa kono tanggal 1 Januari 1964. Obsesi, kepingin ngramut “kandhange” iku diwujudake kanthi ada-ada ngadani adicara kang ora baen-baen. Nggelar festival tingkat nasional kanthi tajuk Festival Sastra Jawa dan Desa (FSJD) 2009 kang dipunjerake ing dhusun klairane tanggal 4-5 Agustus 2009. Ibarat jaran ngono, Bonari kang weton SMP Berbantuan Panggul (1979) lan SPG Sore Trenggalek (1982) iki ora kepingin lali karo gedhogane.

Geguritane kang kapisanan diemot ing Majalah Siswa terbitan Taman Siswa, Yogyakarta, nalika isih lungguh ing bangku SPG (1981). Sepisanan nulis cerkak diemot ing rubrik Roman Sacuwil Majalah JB sesirah Sawijining Dina ing Pesisir Karanggangsa (1985). Tamat saka Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia IKIP Surabaya (1987) taun candhake mlebu Sanggar Sastra Jawa Triwida Tulungagung. Ketua Sangar Triwida wektu itu (Tamsir AS) ngajak gabung dadi staf redaksi tabloid Jawa Anyar (1992–1993). Taun 1991 dadi Juara II Lomba Cipta Cerkak Taman Budaya lan Diknas Jogjakarta.

Tumrap Cak Bonari kang kadhung katrem mbelani sastra Jawa iki, semangat hambelani sastra Jawa mbedhal kaya jaran ucul. Dipalangana mlumpat, didhadhungana mberot, kamangka prasaja wae, wonge gak gablek dhuwit. Bonek alias bandha nekat. Bebasane bandha cupet ati karep. Taun 2001 bareng Keliek Eswe (Surabaya) lan Daniel Tito (Jawa Tengah) nggagas nggelar Kongres Sastra Jawa (KSJ) I ing Taman Budaya Surakarta. Kok ya bisa. Ya krana prestasi iki, Bonari sakanca ing KSJ I, diundang dadi peserta Kongres Bahasa Jawa (KBJ) III ing DIY. ’’Nanging merga dianggep mbangkang, nalika KBJ IV ing Semarang dicekal, krana ing taun kang padha aku ngadani KSJ II uga ing Semarang,’’ kandhane.

EDAN-EDANAN
Gagasan Cak Bonari ngadani KSJD ing Nglaran iki kalebu edan-edanan. Lha piye ta, KBJ IV ing Semarang wae ngentekake prabeya nganti Rp 5 milyar, lha FSJD 2009 iki njur wragate pira? Festival mau ditekani 100 sastrawan lan pandhemen sastra Jawa saindenging Nuswantara. Kamangka kabeh peserta diangkah bisa lelahanan sauger gelem nginep ing omahe warga kanthi mangan cara ndesa. Durung maneh peserta sarasehan desa tumrap 100 pemuda desa sa-Kecamatan Dongko, lan seminar basa Jawa kanggo 500 guru-guru basa Jawa ing SD lan SMP. ’’Filsafate wong ndesa mono sauger gelem kumpul mesthi bisa mangane. Wiwit karang taruna, pamong desa, camat, bupati, SD/SMP Satu atap, lan Sanggar Triwida saiyeg padha mbiyantu. Mulane aku optimistis FSJD bakal sukses diadani ing dhusun Nglaran,’’ kandhane optimis.

FSJD dirancang wiwit meh setaun kepungkur. Taun 2003 Cak Bonari dadi pengurus Dewan Kesenian Jawa Timur (DKJT) ing Komite Sastra, nanging mundur sadurunge masa baktine entek taun 2008. Bola-bali dheweke nawakake gagasan ngadani Festival Sastra Etnik Jawa Timur minangka embrio program kang luwih gedhe yaiku Festival Sastra Etnik Nuswantara. ’’Nanging gagasanku mau tansah ditanggapi kanthi ucapan ‘Gagasan mau apik’, ning ora ana jebul kawusanane,’’ kandhane.

Mulane, ya ing masa jabatan Ketua PPSJS (Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya) kang kapindho iki, dheweke atekad mujudake gagasan kang dianggep para mitrane lan para sesepuh PPSJS minangka utang kang kudu dibayar. Sanggan mau dadi krasa entheng krana gagasan mau disengkuyung para mitrane antarane Siti Aminah (pengarang, pekerja komunitas Yoyakarta), Sucipto Hadi Purnomo MHum (Ketua OPSJ lan Dosen Uness Semarang), Prof. Dr. Setya Yuwana Sudikan (Guru Besar Unesa Surabaya), Kadis Pertanian Kabupaten Trenggalek, lan isih akeh maneh. ’’Ana wae kanca-kanca sing gelem nyengkuyung. Pancen dhuwite ora ubru,’’ kandhane Bonari nalika bebarengan Pimred JB Kicuk Parta arep sowan Pakdhe Karwo, Gubernur Jatim.

MBANGUN DESA
Selawase iki, Cak Bonari ngumbara ing Surabaya. Dheweke tansah repot ambyur ing jagade pers. Taun 1996 nggabung JPNN (Jawa Pos News Network), taun 2001 – 2004 dadi Redaktur Tabloid X-file. Taun 2005 dadi editor JP-BOOKS, ngiras dadi kontributor tabloid HeLPer kanggo komunitas TKI- Hong Kong. Taun 2004, melu Temu Sastrawan Nusantara XII ing Singapura. Juli 2005 diundang komunitas TKI-Hongkong menehi workshop kilat carane nulis. Tahun 2006 nganti saprene, dipercaya dadi Pimred Majalah Peduli, kanggo warga TKI- Hongkong. Taun 2007 melu rombongan Pemda Jatim menyang Hongkong kanggo program Penyuluhan Mental/Spiritual kanggo TKI-Hongkong.

Ewo semono, obsesine ndandani desa saya ndedel, kalebu FSJD. Kenapa kok FSJ 2009 ditambahi D (desa) kang ateges ora mung fokus marang SJ (Sastra Jawa) wae? Manut Cak Bonari, PP No.57 tahun 2005 nyebutake manawa desa mono kalebu unik krana darbe wewenang ngatur lan ngurus kepentingan masyarakate wewaton asal-usul lan adat-istiadate kang diakoni lan dihurmati ing sistem Pemerintahan NKRI. Ewa semono desa tansah dilirwakake, uga dening para sastrawan Jawa. Murih kacang aja nganti lali karo lanjarane, para sastrawan Jawa perlu cancut mbangun masyarakat karang padesane lan saya cedhak karo masyarakat pembacane. ’’Kanggo njaga wutuhe NKRI, FSJD ora mung forum kangen-kangenan nanging bisa didadekake agenda taunan tumuju marang forum silaturahmi budaya kang luwih gedhe aran Festival Sastra Etnik Nusantara,’’ ngono tekade Cak Bonari.

Nanging sing luwih penting, seminar lan sarasehan desa ing Nglaran iki, kandhane Cak Bonari, kepriye amrih para pemuda desa bisa bali mongkog marang desane. Statistik nyebutake manawa 40% - 45% penduduk Indonesia kang 235 yuta iku dumadi saka etnis Jawa lan sawetara gedhe dedunung ana ing karang padesan lan olah tetanen minangka penggaotane.

Revolusi Hijau kandhane Cak Bonari, minangka conto kepriye mesin ekonomi-politik global nggiles pertanian ing Indonesia, kalebu Tanah Jawa. Minangka perangan paham modernisasi, Revolusi Hijau dudu mung sadrema program pertanian nanging program strategi lumawan tradisionalisme. “Akibat program iki, ewon varietas tanduran tradisional ing padesan dadi kegusur. Petani malih gumantung marang industri winih lan ora kuwawa ngontrol sarta ngasilake bibit dhewe. Bibit wis malih dadi sumber gantungan krana ing tangan lembaga penelitian lan perusahan transnasional bibit dianggep komoditi komersial.” [RM Yunani]

Jaya Baya No 49 Tahun 2009

0 komentar:

Posting Komentar