Kamis, 20 Agustus 2009

Sandyakalaning sastra Jawa

Pahargyan tumrap sastra Jawa kang kawengku dening nostalgia lan impen nembe wae diadani, dina Slasa nganti Rebo (4-5/8), mapan ing Dhukuh Nglaran, Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Kabupaten Trenggalek, Jawa Timur. Sastra Jawa dirembug, didhudhah, kepara diperkarakake, ing sawijining padhukuhan sing kapetung adoh saka kutha. Festival Sastra Jawa 2009 digelar linambaran militansi kanggo nuduhake yen sastra Jawa isih ana, ing kaanan “sekarat”.

Organisasi Pengarang Sastra Jawa, Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya lan Sanggar Triwida minangka panitya acara festival iki sengaja nuduhake wasiyat menawa sastra Jawa kuwi wargane sastra Indonesia lan warga sastra donya kang kudu nampa kalodhangan kanggo urip, tuwuh lan ngrembaka jumbuh pepenginane bebrayan panyengkuyunge. Wasiyat iki ngandhut rasa ora mantep utawa inferiorisasi lan marginalisasi tumrap sastra Jawa. Hak urip ana nanging nasib sastra Jawa isih apes. Sewu pitakonan bisa tuwuh, nanging angel nemokake pawangsulan kang gumathok.

Festival iki ditekani wong-wong saka maneka kutha, acarane kaya lumrahe yakuwi seminar, ngudarasa, maca guritan, dol tinuku buku-buku sastra Jawa lan kangen-kangenan. Tumpukan perkara lawas didhudhah maneh.

Kanyatan dina iki ndadekakake para panganggit sastra Jawa goreh, jalaran sastra Jawa meh dadi bab kang ora wigati ing dialektika kultural bebrayan agung Jawa. Sastra Jawa kasingkur dening bebrayan agung Jawa minangka warga sing cacahe akeh dhewe ing negara iki. Mesakake temen! Sastra Jawa iku fosil! Panutuh mangkene iki lumrah nalika niti priksa mundure lan rendhete sastra Jawa modheren ing bab ndhudhah estetika lan pilihan underan. Babaran cerita cekak (Cerkak), geguritan lan novel ing sastra Jawa isih panggah mbabar kahanan jaman biyen, crita asmara murahan, detektif, kriminalitas lan alaming lelembut. Underan sing ora akeh ndadekake sastra Jawa modheren kelangan semangat kanggo ngrembaka minangka pahargyan tumrap kompleksitas perkara urip.

Kahanan iki kosok balen kalawan kawitan tuwuhe sastra Jawa modheren nalika gelem nampa perbawane wacan sastra kulonan ndalem kawitan abad XX. Padmasusastra (1843-1926) dening George Quinn dijuluki Bapak Sastra Jawa Modern jalaran lumantar Serat Rangsang Tuban mbuktekake ditampane cakrik sastra kulonan minangka landhesan tapsiran sastra tradhisional. Serat Rangsang Tuban dadi kawitan novel abasa Jawa.

Tansah owah

Ki Padmasusastra kanthi temen-temen nyinau sastra kulonan kanggo nganyarake sastra Jawa. Karya estetis diwujudake ing pilihan cakrik gancaran minangka tandhingan sastra tembang sing ditindhihi dening Ki Ranggawarsita. Sastra Jawa modheren lair lan ngrembaka ing titi wanci kuwi kanthi manjing ajur-ajer lan tansan owah.

Babaran sastra Jawa ing jaman kawitan Balai Pustaka kapetung luwih akeh tinimbang sastra Indonesia lan sastra Sunda. Kahanan kuwi saiki wus tanpa tilas lan malah sastra Jawa modheren wiwit kelangan penerbit lan medhia. Sastra Jawa lan sastra etnis banjur lumebu ing kurungan lan diingoni dening negara kanthi wates-wates cetha kang kawengku ing sumbar nasionalisme. Sastra Jawa dadi bangkrut jalaran kuwasaning negara lan godhan saka pasar. Kanyatan basa Indonesia minangka basa nasional, ing petungan politik lan kabudayan ndadekake panganggit sastra Jawa dadi bingung.
Panyengkuyung budaya ing kuwasa basa Indonesia dadi reridhu jalaran sikep mehak kang asipat konstitusional lan institusional. Basa Indonesia njedhul ing sesambungan politik, pendhidhikan, ekonomi, seni lan budaya. Basa Jawa minangka ubarampe sastra Jawa dipinggirake tanpa sikep nulak kanggo nylametake dhirine saka panutuh primordialisme utawa separatisme kultural.

Sastra Jawa modheren minangka sastra tulis wiwit kelangan pondhasi lan mundur ing wewengkon jayane sastra klasik lisan lan tulisan. Panitisastra, Centhini, Wedhatama, Wulangreh didadekake panutan ing pakaryan sastra Jawa. Tradhisi lisan uga didadekake pawadan gegayutan kabutuhan bebrayan marang babaran estetika. Kupiya nylametake lelandhesan nostalgia kuwi tanpa kairing sikep gelem mriksa owah gingsire sastra Jawa modheren wiwit taun 1930-an.

Sastra Jawa modheren pancen isih diurip-urip dening panganggit Jawa kanthi cacahe pamaos sing sansaya suda. Sastra Jawa uga ditinggalake dening penerbitan koran, majalah, jurnal, lan industri buku. Sastra Jawa modheren tanpa pepesthen bakal lestari. Kanyatan ilange pamaos arang banget didadekake landhesan otokritik. Pamaos pancen duwe hak kanggo rumangsa urip lumantar kuwasaning basa Indonesia.

Basa Indonesia wus mrasuk ing jagad pamikire wong Jawa wiwit isih bocah lumantar giyaran tivi, sekolahan lan medhia massa. Kanyatan iki angel ditandhingi dening sastra Jawa modheren lumantar wangunan basa sing adoh saka wacan lan laku modernitas. Sastra Jawa modheren mandheg lan “sekarat” kadidene kodrat.

Anggitan Cerkak, geguritan lan novel pancen isih ana lumantar industri buku, koran dhaerah utawa majalah. Apa iki sandyakalaning sastra Jawa? Kahanan iki uga ditemtokake dening ora anane kritikus ing tradhisi panulisan esai sastra Jawa. Suripan Sadi Hutomo lan Poer Adhi Prawoto wus almarhum lan ninggalake warisan buku-buku kritik sastra Jawa modheren. Dina iki ora ana kritikus sing niti priksa babaran sastra Jawa.

Sastra Jawa minangka sastra etnis pancen durung tamat, nanging sakehing kanyatan wus dadi bukti nasib apese sastra-sastra etnis Indonesia. Sastra etnis kaya-kaya sengaja dijarke mati kanggo njembarake kalodhangan menjilane kuwasa negara lan globalisasi. - Bandung Mawardi, pangarsa Ngudarasa Sastra ing Balai Soedjatmoko Solo

Solopos

0 komentar:

Posting Komentar