Kamis, 20 Agustus 2009

FSJ 2009 ndudut rasa mongkog

Festival Sastra Jawa 2009 utawa FSJ 2009 sing mapan ing Dhusun Nglaran, Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Kabupaten Trenggalek, Jawa Timur, dina Slasa nganti Rebo (4-5/8) kapungkur nuwuhake rasa mongkog dene sastra Jawa isih kuwawa urip ing tlatah cengkar.

Mangkono pratelane Pangarsa Panitya FSJ 2009, Bonari Nabonenar, nalika wawangunem kalawan Espos ing Wisma Seni Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo, dina Slasa (11/8) wengi.
”FSJ 2009 antuk kawigaten mligi saka Pamarentah Kabupaten Trenggalek. Katitik Bupati Trenggalek kersa mbukak acarane lan Wakil Bupati Trenggalek kersa nutup acarane. Sakorane iki bisa dadi pawitan kanggo ngracik sesambungan antarane pamarentah lan para paraga kang sasuwene iki panggah ora mingkuh saka upaya ngurip-urip sastra Jawa,” pratelane Bonari.

FSJ 2009 ditekani para sastrawan Jawa lan pandhemen sastra Jawa saka Jawa Timur, Jawa Tengah lan Yogyakarta. Antarane sastrawan Jawa sing kapetung senior lan sing enom bisa sapatemon ing kahanan kang egaliter. Para pandhemen sastra Jawa uga bisa sapatemon lan pirembugan kalawan para sastrawane.

Lan sing kapetung luwih ndudut rasa mongkog, miturut Bonari, ing FSJ 2009 ana acara mligi sing katumrapake para guru basa Jawa ing tlatah Kabupaten Trenggalek. Lan kanyata acara sing mapan ing desa cedhak watu adoh ratu kuwi kuwawa narik kawigatene para guru. Katitik akeh guru sing kanthi gumregut nekani acara workshop lan seminar basa lan sastra Jawa kuwi.

”Aku pribadi duwe pangajab acara mangkene iki bisa diadani saben taun, papane ora kudu ing Trenggalek. Lan aku uga duwe pangarep-arep ing taun-taun kang bakal teka acara iki bisa dikrembakakake dadi festival sastra etnik Nusantara,” Bonari nambahake.

Acara kasebut njupuk underan Desa dan Sastra Jawa. Werdine ora uwal saka kanyatan yen ing titi wanci pungkasan iki pandhemen sastra Jawa akeh-akehe dumunung ing tlatah padesan. Werdi liyane, kaajab sastra Jawa bisa urun kridha kanggo ndayakake lan ngrembakakake desa murih ora tansah dadi papan kang dianggep kuna lan tansah dikalahake kalawan kutha ing pangracike kawicaksanan pembangunan.
Saliyane kuwi, underan Desa dan Sastra Jawa kaajab uga bisa dadi pancatan kanggo ngrembakakake kalodhangan mangun jagad intelektual ing wewengkon sastra Jawa saka tlatah karang pradesan. Werden iki sing gampang dhewe bisa didhudhah saka acara seminar lan workshop tumrap guru-guru basa Jawa ing Trenggalek.

”Saka acara sing mligi katumrapake para guru, ana dudutan yen acara kang asipat ndayakake intelektual-e para guru kuwi ora kudu mapan ing kutha. Acara kaya mangkono bisa diadani ing desa. Lan kacihna mapan ing desa tetep dipepaki sertifikat sing pangaji banget tumrap para guru. Dadi ngoyak kredit tumrap para guru ora kudu adoh-adoh menyang kutha jalaran ing desa wae uga bisa,” Bonari nandhesake. – pra

Solopos

0 komentar:

Posting Komentar