Selasa, 17 Agustus 2010

Megengan

Tradisi genduren (saka tembung kenduri +an-kenduren-genduren) megengan, utawa biasane disebut wae megengan, ngono, isih lumaku nganti tekan saiki ing Dhusun Nglaran. Ya wis kaya mengkono kuwi sebutane, mbuh kepriye larah-larah etimologine. Sangretiku sing kerep kocap kuwi tembung ’megeng napas’, tegese nahan utawa mekak ambegan. Mbokmanawa, megengan kuwi secara psikologis dianggep kayadene ngerem ndadak kebat-kemrungsunge urip padinan merga mapag dina kawitan ing wulan Pasa utawa mapag dina Riyaya. Megengan padatane uga ditindakake kanggo mapag dina Riaya utawa dina Idul Fitri. Dhek jaman cilikanku, genduren megengan kuwi ajeg dikembul wong samason. Mason iku kukuban warga nunggal sumber/belik kang diangsu. Ana kang samason mung dumadi 5 somah, ana kang nganti puluhan utawa las-lasan somah/kulawarga. Kulawargaku kang dhek semana isih dadi siji karombah buyut, melu mason Kali Poko, kang anggotane kepetung akeh, nganti 11 somah. Mangka yen genduren megengan iku biasane digelar gentenan ing saben omah. Beda karo genduren Muludan kang saben somah nggawa ambenge menyang omahe jurukunci mason banjur dikajatake lan dikembul bareng ing kono.

Bisa dibayangke, genduren bergilir kang dilekasi jam lima utawa jam 6 kuwi bisa nganti tekan jam 10. Lha yen ing saben omah mangan telung pulukan wae wis kari ngepingke sewelas, dadi 33 pulukan. Pokoke angger rampung acara genduren ing 11 omah kuwi ajeg kewaregen. Lha, olehe salat tarweh? Dhek aku isih cilik kuwi, sadhusun kira-kira ora genep wong lima kang nindakake salat tarweh jamaah ing masjid. Lha, wong sing nindakake salat wajib wae ya isih siji-loro.

Mason Kali Poko kuwi jurukuncine Mbah Wiryosari (saiki wus suwargi), nglintir saka wong tuwane. Mula angger ana genduren ajeg Mbah Wir kang ngajatake utawa ngujupake ambengane. Olehe ngajatake nganggo basa karma. Mung kala-kala digenteni Mbah Poidjan (saiki uga wis suwargi) kang dhek nalika semana saben dinane makarya kadidene kuli ratan.

Sawise dikajatake, sadurunge ambeng dipurak, luwih dhisik didongani. Dongane nganggo basa Arab, donga slamet lan donga kubur. Awit, sajake kang luwih baku ing genduren megengan kuwi kirim donga kanggo kang wis padha sumare. Kang kajibah ndongani, biasane Kek Giran utawa Lik Redi.

Kajatan iku satemene uga ngemu donga, upamane, ’’Awit dipunmule lan dipun metri, panuwune slamet wilujenga wiwit dinten niki ngantos sakpengajenge sampun wonten godha rencanane kantuna manggih seger kuwarasan lan sekeca anggenipun pados sandhang tedha, sedaya mawon dipun seseni kabul.’’ Angger olehe ngajatake wis tekan tembung "kabul" ngono kuwi banjur kang padha ngepung melu nyahuti bebarengan, "Kabuuuuuulllllllllllllllll.............'' Kuwi biyen. Saiki, sajake olehe nyauti kajatan kuwi wis ganti tembung, ''Amiiiiiiiiiiiiinnnnnnnnnnnn........" Biyen ya kala-kala ana sing muni, "Amin," ngono, nanging isih kerep lan luwih akeh kang muni, "Kabuuuuuuullllllll." Ewadene, tembung "amin" kuwi jane wis kelet karo tradhisi genduren dhek jaman cilikanku, nganti "genduren" kuwi uga disebut "amin-amin".

Pandonga sajroning kajatan iku diandharake sawise ngarani perangane ambengan, upamane, takir, metri, mule, buceng lan sapiturute, lan njlentrehake apa maknane siji lan sijine. Upamane, ’’Dipunwontenaken mule-metri (wujude sega dikemongi diwadhahi piring, ganep lan lawuhe srondeng karo irisan endhog dadar utawa iwak pitik, wedhus, sapi..) menika perlu ngariayani anggenipun nglampahi siyam…’’ (ngono ing genduren megengan mapag bada utawa genduren maleman).

Genduren maleman iku, ing kukuban Mason Kali Poko biyen dianakake kaping telu sajrone wulan Pasa, yakuwi ing malem tanggal 21, malem 27, lan malem 29). Bedane, yen genduren maleman ambengan saka saben somah digawa menyang omahe jurukunci mason saperlu dikajatake lan dipurak bebarengan. Mbokmanawa kanggo ngentheng-enthengake, genduren maleman kuwi didum amrih ora saben somah nyepakake ambengan kaping telu. Upamane, kelompok lor kalen bageyan malem selikur, kelompok tengah malem 27, lan pomahan iring kidul sing melem 29.

Sadurunge genduren megengan digelar, bageyan domestik utawa kang nyambutgawe neng omah pawon, ora mung nyepakake ambengan kanggo genduren, nanging uga nyepakake sajen. Wernane sajen ya: sega (kayadene mule), kolak, wedang (kopi), rokok, lan sapiturute. Ujube, sajen kuwi kanggo arwahe kang wus padha sumare. Lha mengko angger olehe genduren rampung, sing duwe omah biasane njur nyang amben tengah lan ngetokake sajen sing wujud kolak utawa wedang saperlu disuguhake sing padha ngepung ambeng utawa peserta genduren.

Senajan tradisi genduren megengan isih lestari nganti saiki, pakulinan nyepakake sajen kuwi sajake wis ilang babarpisan.

Ing dina megengan, sadurunge bengine digelar genduren, wong-wong biasane padha nyekar menyang kuburan. Diarani nyekar, merga iku satemene acara sawur kembang ing kuburan, lan ndongakake amrih para ahli kubur, mligine anggota kulawarga kang wus katimbalan luwih dhisik, amrih nemu kamulyan ing kanane. [Bonari Nabonenar]

0 komentar:

Posting Komentar