Rabu, 20 Mei 2009

Pangaji-aji kanggo ngawekani cengkare sastra Jawa

Sastra Jawa urip ing tlatah cengkar. Ukara mangkono kuwi asring kaprungu ing patemon para sastrawan Jawa lan pandhemen sastra Jawa. Kepara wus wiwit taun 1970-an ana pambiji yen sastra Jawa kuwi wus mati.

Cengkare tlatah uripe sastra Jawa, miturut Khoirul Soleh, panggurit sing dedunung ing Donohudan, Boyolali lan Sriyana, panganggit sastra Jawa lan pandhemen sastra Jawa sing dedunung ing Klaten, pancen ora bisa diselaki.

”Cengkare tlatah uripe sastra Jawa bisa kadulu saka kanyatan yen makarya ing jagad sastra Jawa kuwi nganti saiki ora bisa dijagakake kanggo cagak urip. Beda kalawan jagad sastra Indonesia. Saliyane kuwi, pananggape bebrayan agung marang sastra Jawa uga kurang greget. Kaya-kaya sastra Jawa kuwi mung wates duweke wong-wong karang pradesan, wong-wong pinggiran,” pratelane Khoirul, nalika wawangunem kalawan Espos ing sawijining acara ruwatan ing tlatah Sumber, Solo, durung suwe iki.

Dene miturut Sriyana, cengkare wewengkon uripe sastra Jawa uga bisa kadulu saka kanyatan yen sithik banget penerbit sing gelem nyithak buku-buku sastra abasa Jawa. Lan yen ta dicithak cacahe uga ora sepiraa. Kamangka sing aran buku kuwi dibutuhake banget tumrap upaya ndayakake sastra Jawa ing jaman global iki.

”Aku sarujuk marang panemune Suparto Brata nalika medhar andharan ing Pendhapa Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo, sawetara wektu kapungkur. Panjenengane nelakake yen sastra Jawa pengin oncat saka tlatah cengkar lan bisa ngrembaka ing tlatah loh kudu disengkuyung kanthi industri buku sastra Jawa,” pratelane Sriyana nalika wawangunem kalawan Espos ing griyane, sawetara dina kapungkur.
Kalorone uga sarujuk yen cengkare sastra Jawa kuwi uga jalaran sasuwene iki ora ana pangaji-aji kang murwat tumrap sastrawan asil karya sastra Jawa. Pangaji-aji tumrap sastra Jawa sing kapetung onja utawa dhuwur gengsi-ne hamung pangaji-aji Rancage. Kamangka Yayasan Rancage kuwi dudu yayasan duweke wong Jawa, nanging yayasan sing dikemonah dening wong Sunda.

Rancage

Sastrawan Jawa saka Trenggalek, Jawa Timur, Bonari Nabonenar, lumantar tulisan ing blog-e lan uga lumantar cathetan sing diunggahake ing facebook, mbiji yen pangaji-aji Rancage tumrap sastra Jawa kuwi kudune kuwawa ndudut rasa isine bebrayan agung Jawa dhewe.
Pangaji-aji sing dhuwur gengsi-ne tumrap sastra Jawa, yakuwi pangaji-aji Rancage, kanyata diwenehake dening wong Sunda. Tegese, wong sanjabane Jawa luwih mehak Jawa tinimbang wong Jawa dhewe. Pangaji-aji Rancage tansah dienteni minangka acara kang pinuji, ora mung tumrap para sastrawan Sunda, nanging uga sastrawan Jawa, Bali lan Lampung.

Miturut Bonari, yektine wong Jawa dhewe ora kangelan yen pengin suka pangaji-aji kang murwat, kayadene Rancage, tumrap sastrawan lan asil karya sastra Jawa. Emane, sasuwene iki ora ana pehak ing madyaning bebrayan agung Jawa sing duwe krenteg kanggo suka pangaji-aji kasebut.

Hamula kuwi, para sastrawan Jawa dhewe, uga para pandhemen sastra Jawa, prelu rembugan lan nemtokake apa bebrayan agung Jawa dhewe prelu suka pangaji-aji kayadene Rancage kuwi tumrap sastra Jawa. Yen kanyata saperangan gedhe duwe panemu yen prelu, kudu ana upaya kanggo nggandheng pamarentah Jawa Tengah, Jawa Timur lan Daerah Istimewa Yogyakarta sing mujudake paprentahan sing mbawahi tlatah uripe sastra Jawa.

Yen pamarentah ing telung wewengkon propinsi kuwi kanyata ora duwe greget kanggo mujudake pangaji-aji sing dhuwur gengsi-ne tumrap sastra Jawa, para sastrawan lan pandhemen sastra Jawa, uga pehak sing preduli marang sastra Jawa, prelu mangun bebadan utawa komunitas kanggo ngimpun daya lan prabeya murih bisa mujudake pangaji-aji kang murwat tumrap sastra Jawa. Lan ing taun 1990-an, upaya iki wus nate diawiti dening Suparto Brata, Tamsir AS lan swargi Esmiet.

Ing andharan tinulise, Bonari uga nelakake yen wiwit taun 1991 pamarentah propinsi Jateng, Jatim lan DIY tansah nyengkuyung acara Kongres Bahasa Jawa (KBJ). Miturut gotheking wong akeh, acara KBJ taun 2006 ing Semarang disengkuyung prabeya Rp 5 milyar.

Saka prabeya pangaji sakmono kuwi prayoga banget yen bisa nyisihake saperangan kanggo pangaji-aji tumrap karya sastra lan sastrawan Jawa. Yen saben taun bisa dibiji lima sastrawan lan pandhemen sastra Jawa sing nuduhake kridha nyata ing jagad kabudayan Jawa lan diparingi pangaji-aji Rp 10 yuta saben wong (pangaji-aji Rancage jarene Rp 5 yuta saben wong) ateges mung prelu nyepakake prabeya Rp 50 yuta saben taun.

Yen telu pamarentah propinsi mau gelem nanggung, ateges saben pamarentah mung cukup nyedhiyakake prabeya Rp 20 yuta saben taun utawa Rp 100 yuta ing limang taun. Prabeya sakmene iki kapetung ora mingsra tumrap pamarentah, nanging gedhe pangajine tumrap upaya ndayakake lan ngrembakakake sastra Jawa ing jaman global iki. [pra]

Jagad Jawa Solopos
Edisi : Kamis, 14 Mei 2009 , Kaca : D

0 komentar:

Posting Komentar