Jumat, 24 Juli 2009

Bonari Nabonenar, Ndayakake sastra Jawa

Festival Sastra Jawa dan Desa kapisan bakal digelar tanggal 4-5 Agustus 2009 mapan ing Dusun Nglaran, Desa Cakul, Kecamatan Dongko, Trenggalek, Jawa Timur.
Salah siji paraga sing keraya-raya nyumadhiyakake kabeh ubarampe murih acara sing satemene arep digelar sasi Juni iki, nanging kepeksa diundur, yakuwi Bonari Nabonenar.
Bonari dhewe pancen wus mataun-taun tanpa kendhat ngudi gumregahe sastra Jawa ing bebadan Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya (PPSJS). Lan saiki Bonari kapatah mangarsani bebadan iki.


Nalika wawangunem kalawan Espos ing Pendhapa Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo, durung let suwe iki, Bonari nelakake duwe pangarep-arep murih acara Festival Sastra Jawa dan Desa bisa dadi acara taunan.

”Acara iki diracik kanggo nyedhakake antarane sastrawan Jawa lan bebrayan agung Jawa. Miturut panemuku, wus mataun-taun pungkasan iki antarane sastrawan Jawa lan bebrayan agung Jawa ora gathuk. Iki ndadekake sastra Jawa panggah urip ing tlatah cengkar, ora mati nanging ya ora urip kanthi becik,” piterange Bonari.

Lumantar acara sing nembe sepisan digelar iki, kaajab samengkone bisa ndudut krentege sastrawan Jawa, pandhemen sastra Jawa lan bebrayan agung Jawa kanggo ndayakaka sastra Jawa. Ing tembene, kaajab sastra Jawa bisa gumregah maneh ing madyaning bebrayan agung bangsa Indonesia. ::pra::

© Copyright Solopos.net on Kamis, 18 Juni 2009